Searching...
Senin, 10 Maret 2014

Pengalamanku, Anyaran Melu KKY

Ini cerita ku bersama kky, apa cerita mu..?!!

Nek ngelingi jaman semono anyaran melu KKY, wektu iku KKY arep kongres nang kudus (nek gak salah, iku pas dino senin malam seloso Mei 2012).

Sak ilingku, nang kono ono mbak novy, mbak sifa, mas galih, mbak vina, mas imam, mas pay trus sopo maneh yo, aku lali (pokoke wuuakih tenan, nak semisal tak tulis kabeh sak buku luwih bro, hahahaa..?!?!!). 

Nah, wektu iku aku balik kudus bareng-bareng bakda magrib. Sing marakke tambah syahdu, sepanjang perjalan sampe tekan kudus grimis terus (sumpah waaatis tenan bro, tapi sangat menyenangkan..?!!). 

Sak ilingku wektu iku arep nyiapke acara "LIMA WINDU KKY," Dino jum'at baksos & penanaman pohon, sabtu sore sarasehan lan sabtu bengine nembe kongres (edan tenan og, kongres dari malam sampe pol esok jam 10 awan).

Suka duka bareng dulur-dulur anyar Kudus pancen ora iso tak lali. Jujur wae, sebenere memang akeh sing lali sopo wae sing tak kenal (saking akehe dulur-dulur anyar sing tak kenal nang Keluarga Kudus Yogyakarta). 

Alhamdulillah, mugo wae dulur-dulur sing tak kenal ning KKY dadi dulur sak lawase, amin. Salam kanggo kabeh poro sedulur KKY, salam sak daerah, salam sak plat-K, salam nang perantauaan. 

Bobi Novia Handoko,
Mahasiswa Jurusan Manajemen di STIE YKPN Yogyakarta & Alumni SMA Muhammadiyah Kudus

0 komentar:

 
Back to top!