Searching...
Senin, 17 Februari 2014

MERANTAU - BABAK III

MERANTAU - BABAK III
Oleh Hanaufa


Udara kampung desa suka gaya hari terasa sejuk nan indah, Sri yang tidak mempunyai kesibukan tengah asyik duduk menyendiri membayangkan suami datang menjelma.
SRI : Kang, kang, kapan kowe bali kang, Sri kangen kang. Opo bener kata pardjo, akang wes ora cinta karo Sri kang. Kang, opo akang lali janji zaman semono, jare hidup semati kok nyatane nyangki iki durung bali. Opo akang wes pancen bener lali karo sri kang. 
SAILENDRA : Wes to mak, bapak ora usah di piker jero – jero. Nek pancen bapak wes duwe bojo meneh, emak kudu kawen meneh.
SRI : Emak wes terlanjur cinta le. Susah berpaling soko bapakmu.
SAILENDRA : Tapi mak.
SRI : Cukup, aku yakin suamiku setia disana, iya kan sayang.
SAILENDRA : Ya Allah Emak saya sudah gila. 
SRI : Emakmu iki waras. Ngawur.
SUPARDJO : Assalamu’alaikum. 
SRI : ( CUEK ) Wa’alaikumussalam. Ono opo mrene, ngajak padu meneh, aku wes kesel jo.
SUPARDJO : Wegah, ngajak padu wong ora genah.
SRI : Eeeee kurangajar…..
SUPARDJO : Makane menengo disek. Iki lo ono titipan soko bojomu, mbuh iki isine opo.
SRI : ( WAJAH BAHAGIA ) Temenan jo, kuwe ora ngapusi. Ndi jo aku wes ora sabar.
SAILENDRA : Opo to mak isine
SRI : Mbuh le, emak yo durung ngerti. ( MEMBUKLA KADO ) walah leee, isine surat cinta, owalah bapakmu romantic tenan le. Surat cinta iki le.
SUPARDJO : Iso wae kui buku nikah ceng anyar. Hahahaha
SRI : Blegedeekkk…… ( SRI BACA SURAT ) lo nak iki jenenge opo nak kok bentuke aneh ngene iki. ( LAMA BERMAIN TERNYATA TIDAK BISA ) Wes lah nak. 

0 komentar:

 
Back to top!