Searching...
Selasa, 21 Januari 2014

MERANTAU - BABAK I

Oleh Hanaufa,
TOKOH

Sri Suzuki Hondawati : Istri Subedjo Noto Ditoto
Subedjo Noto Ditoto : Suami Sri Suzuki Hondawati
Sailendra : Anak pertama Sri
Sarminto : Anak kedua Sri
Sarmila : Anak ketiga Sri
Supardjo : Adik kandung Sri
Musthofa : Tetangga Sri yang ikut merantau
Adinda : Selingkuhan Subedjo

Al kisah dari sebuah desa Suka Gaya, hiduplah seorang istri bersama tiga anaknya yang tampan, cantik dan rupawan. Sebut saja ia bernama Sri Suzuki Hondawati. Ia hidup bersama ketiga anaknya yang kini tengah menginjak dewasa. Sri yang pekerjaannya hanya menunggu kepulangan suaminya yang tengah sukses di perantauan, merasakan pula kerinduan yang sangat mendalam.

SRI : ( DI TENGAH PANGGUNG DUDUK DAN MEMBAWA KAIN SERTA JARUM. SRI SEDANG BERUSAHA MEMPERBAIKI CELANA YANG TELAH ROBEK). [ Lungo tak wanti – wanti, kapan dirimu bali, opo kowe ora ngerteni aku wes ngenteni. Lungo tak wanti – wanti kapan dirimu bali, opo kowe ora nyadari, kowe tak kangeni. Ning umah iki dadi saksi, lungamu kui wes pirang sasi, tetep wae ra iling bali ]. Kapan to kang dirimu bali, jare muni sediluk, wes meh rong tahun kok yo ora bali – bali to kang.

SARMILA : ( DATANG DAN MENGUCAPKAN SALAM ). Assalamu’alaikum.
SRI : Wa’alaikumussalam. Kok cepet baline nduk.
SARMILA : Geh mak. Emak mikerke bapak geh.
SRI : Kui mesti nduk. Mosok emak iki mikirke wong lanang liyo. Emak iki setia karo bapakmu nduk.
SARMILA : Mak, bapak kui wes ora tau bali. Zaman kawet aku iseh umbelen sampai aku wes kuliah. Bapak kui wes ora sayang. Paling – paling y owes kawen meneh. ( SEWOT )
SRI : ( SAILENDRA DATANG ) Hus ngomong opo kui. Ora pantes dongake bapake koyok ngono kui.

SAILENDRA : Mila, uaapiiikkk tenan ngomong ngunu kui. Like. Gawenen status neng FB, Twitter. Bahwa bapak kita punya bini baru. Hahahahaha kita punya ibu baru.
SRI : Eeeeee…. Bocah gemblung. Dadi podo seneng bapakmu duwe bojo meneh.
SAILENDRA : Emang nyatane ngunu kui mak. Emak iki opo ora nelongso, pirang – pirang tahun ora tau entuk kabar soko bapak. Kalau bapak sayang, bapak pasti pulang dan menemui emak.

SARMINTO : ( DATANG ) weleh – weleh iki ono opo to kok podo geger. Mbok yo seng akur ngunu lo, di rungoke tonggo dadi ora enak di roso. 
SAILENDRA : weh – weh sejak kapan kowe kesambet pinter.
SARMINTO : lho.. lho ojo salah sejak aku iseh neng kandungan emak, aku iki wes pinter. Ganteng sisan. Makasih mamak. 
SRI : uwes to, iki malah podo padu. Anake emak kui ganteng lan ayu. Tonggo teparo keri kabeh.

SARMINTO : mak. Emak ora kepikiran nikah meneh. Dudo deso kene kan yo sugeh – sugeh.
SAILENDRA : emang ono dudo ceng doyan karo emak.
SARMILA : ora ono
SRI : emak pancen katrok, wes bersyukur iso ngetokke kuwe seng saiki dadi gemblondong koyok ngene iki.
SAILENDRA : jane mungkin kita bertiga terpaksa metu lewat rahimmu mak. Hahahaha……..
SRI : eeee…….. bocah edan kabeh.

SUPARDJO : ( DATANG ) Yu Sri. Anakmu kui bener.
SRI : Pardjo, kapan tekan kene.
SUPARDJO : Kui ora penting. Seng penting saiki mikir utangmu seng tambah akeh goro – goro nguripi anak – anakmu. Tanah lan sawah wes bablas angine.
SARMILA : Masuk angin pak lek.
SUPARDJO : Dudu, masuk tolak angin.
SARMILA : Kok bisa pak lek
SUPARDJO : Lha yo biso suka – suka pak lek mau ngomong apa.
SRI : Iyo jo, aku ngerti. Tapi bojoku yo kadang ngirim duwet, meski kui sitik – sitik. Jenenge wae kerjo serabutan jo.
SUPARDJO : Eh yu, jenenge merantau kui bayarane gede, ora mung semono. Kue kudu paham kui. Yo kan nang?

SRI : Iyo aku paham, tapi ora ngunu kui carane madu bojoku, ganteng – ganteng ngunu yo bojoku kok jo, emange kowe wes meh tuwo orarabi – rabi. Jare kowe ganteng kok yo ora payu – payu to le.
SUPARDJO : ( KEBINGUNAN DAN KEHABISAN OMONGAN )
SARMINTO : ( DATANG DAN MENANGIS ) Emaaaaak….. huuuaaa huuuaaa…. Emaaaakkkk……..

SRI : Aduh – aduh cah bagus kenopo kok nangis, ono po tole.
SARMINTO : Minto putus cinta emak. Huuaaa huaa…..
SAILENDRA : Emang kowe iso payu to min.
SARMINTO : Ngece, wajahku iki koyok artis – artis neng luar negeri.
SRI : Wes to ojo podo tukaran.
SARMINTO : Pye iki mamak, huuuaaa……. Huaaa……. Pacarku selingkuh mak, katane pacar barune uweh sugeh.

SUPARDJO : Dungokke sri, zaman saiki ora sugeh bakal di pidak – pidak. 
SRI : Seng sabar yo le. Mengko mesti ono wong wadon kang luwih apik.
SUPARDJO : Sopo seng seneng, paling banter seng seneng yo kuntilanak.
SRI : Huusss….. ngawur kowe jo, ora kuntilanak, kui lo tukang jamu pinggi pasar. Hahahahaha
SARMILA : Tukiyah dong, gigi mancung kedepan hidung nyungsep ke belakang, suara kayak ember mau di jual rongsokan. Hahahahaha 

SARMINTO : Emaaaaaakkk………….. huuuaaaa… huuuaaaa……..
SRI : Sudah – sudah, ayo masuk ke dalam saja nak. Jangan dengarkan apa kata mereka.

0 komentar:

 
Back to top!